Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

contoh pidato bahasa jawa

Jumat, 04 Oktober 2013


PIDATO ING DALEM ACARA AQIQOH

Assalamu’alaikum wr.wb
Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyien monggo kito sareng-sareng ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT.ingkang sampun maringi nikmat lan hidayahipun dumateng kito,sehinggo wekdal niki kito sedoyo saged ndugeni undanganipun bapak Munir sekeluarga ing dalem acara walimah aqiqoh.
Sholawat ugi salam,mugiyo tetep dipun paringaken dumateng nabi kito Muhammad SAW,keluarganipun,poro sahabatipun,lan sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanti estu-estu lan keres.Mugiyo kito kelebet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran islam kanti estu-estu lan leres.
Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Ing wekdal wengi niki inggih meniko wengi ingkang kaping pitu saking kelahirane nyogo ingkang kaping setunggal saking bapak Munir lan saking ibu ingkang asmo Winarti lan saking raosipun syukur lan bingah dumateng Allah SWT.kulo lan panjenengan sedoyo wekdal niki dipun undang kaperlu tasyakuran ing dalem acara aqiqoh nyogonipun.
Kito sedoyo kedah sumerep mbok bilih aqiqoh niki sunnah hukumipun.Kados pengendikane nabi SAW wonten hadits riwayat Bukhari saking Salman bin Amar Adh Dhahabi,ingkang artosipun :
“Saktemene anak iku nduweni hak diaqiqohi.Mongko kanggo deweke tumpahno getih lan adohno marang penyakit saking deweke (kelawan nyukur rambute).”
Semanten ugi ing dalem hadits riwayat Thirmidzi saking Aisyah radhiyallahu anhu ngucapa,saktemene nabi SAW ngendiko :
“Kanggo anak lanang iku disembelehno wedus akehe loro ingkang sami umure.Lan kanggo anak wadon iku disembelehno wedus siji”
Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Mekaten kulo wahu sambutan kulo,kirang langkungi kulo nyuwun agunge pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo. Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

visitor

Blogroll

Most Reading